Syair Nasehat Gus Dur
Yarosulalloh salammun’alaik… Yaarofi’asaaniwaddaaroji… ‘atfatayaji rotall ‘aalami… Yauhailaljuu diwaalkaromi… Ngawiti ingsun nglarasa syi’iran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo petungan Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syare’at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nistho Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo hakekot manjing rasane Alquran qodim wahyu minulyo Tanpo ditulis biso diwo...